suaramuda

Kisah Mistis: Cerita Malem Jemuwah, Jagading Lelembut “Sundel Bolong Melu Njajan”

Gambar ilustrasi dari pinterest

SUARAMUDA, SEMARANG — Kedadeyan nyata kala penulis isih umur 25 taun, nganti tumeka saiki wis nyandhak 58 taun. Mulane crita tak tulis, supaya bisa di mangerteni para sutresna kang kita tresnani.

Rikala semana aku duwe kanca tunggal pekarangan, jenenge Andreas. Sejatine Andreas ora percava karo donyaning lelembut, luwih-luwih marang Sundel Bolong.

Ing antarane kanca-kanca sapantaranku, Andreas kapetung kang paling kendel. Omahe cedhak karo daleme Mbah Wongso Girin, ora adoh karo kuburan Manding, prenah sakulone SMA Negeri 3 Sragen.

Ngendikane Bu Lurah Sragen Kulon, daleme Mbah Wongso Girin mono kanggo kos-kosan bocah sekolah sing wis nate diweruhi Sundel Bolong.

suaramuda

Wujude wanita ayu kinyis-kinyis kang rambute diore rembyak-rembyak tekan geger. Dene gegere sing ketutupan rambut dawa mau bolong mlompong.

Sauger dheweke mangan, apa sing diemplok mesthi metu dhewe. Sandhang penganggone Sundel Bolang sarwa putih, gandane wangi ngalahake lenga jebat kasturi. Metune ing wayah bengi, kira-kora jam 00.00 munggah.

Wektu iku Sundel Bolong sok ngaton saben malem Jumuwah Kliwon, apa maneh ngepasi udane riwis-riwis kang dibareng siwara jangkrik ngerik mecah kasepen, para ibu padha ngeloni anak-anake sing wis turu nglipus.

Kadhangkala keprungu manuk bence sesautan. Iku kabeh aweh pratandha yen wengine sepi mamring, njalari githok krasa mengkirig.

Senajan grimis, Andreas nekad bali saka omahe pakdhene. Mancal sepedha onthele karo nggawa kurungan manuk. Anggone numpak pit ora pati banter, merga grimise mung tlethik.

Ketambahan maneh dalane wis aspalan, dadi kepenak digenjot. Durung nganti tekan dalan tikungan, dheweke sumurup warung hik neng trotoar.

Wektu iku kang njajan wong papat. Batine Andreas, wah kebeneran wetengku lagi kroncongan. Bareng Andreas wis mapanake sepedha onthele lan nyelehake kurungan manuk, dheweke nuli lungguh dhingkilik dawa karo ngadhep panganan rena rena.

“Mas, wedang jahene segelas kanggo tamba adhem,” em,” abane Andreas.

Karo ngenteni wedang jahene dicom, dheweke wis nyomak-nyamuk mangan gethuk goreng lan tahu bacem. Sajake Andreas pancen wis keluwen temenan. Sebab, entek jajan siji gage ngranggeh liyane.

Bareng wis rampung ngombe wedang jahe rong gelas, ngemplok randha royal telu, gethuk goreng loro lan sega kucing rong wungkus, Andreas krasa wareg. Glegeken karo ngelus-elus wetenge.

Dumadakan irunge mambu gandane lenga wangi kang nyegrak. Dheweke noleh mengiwa. Andreas sumurup wanita ayu lagi ngombe wedang.

Sakala Andreas kelingan critane Lurah Wahid yen wanita ayu sing sok andhok ing warung hik mau sabenere Sundel Bolong. Kringete Andreas sakala gemrobyos, karo nglirik solah bawane wanita ayu kang lagi ngemil tempe goreng kuwi.

Blegere wanita mau jebles, kaya sing tau dieritakake Lurah Wahid. Sandhangane sarwa putih, gegere bolong. Panganan kang diempkok metu dhewe saka gegere.

Sawise mbayar, Sundel Bolong mau terus pamit mulih karo tangane sedhakep. Bareng wis mlaku, katon gegere abang getih campur pangaman. Sanalika Andreas enggal wae mbayar wedang, panganan lan sega wungkusan, nyaut kurungan manuk lan ngethithir mulih tanpa tolah toleh.

Karo nggenjot sepedha onthele Andreas dremimil, lambene ngucap sluman, siumun, slamet. Bareng wis tumeka omahe, Andreas dheleg-dheleg neng kursi saka pring ing emperan.

Dhadhane isih menggeh-menggeh. Ora nyana yen iki mau nyumurupi Sundel Bolong kanthi cetha lan mlaha. Satleraman Andreas weruh barang kang diemplok metu dhewe campur getih abang kileng-kileng.

Mbok menawa wae prastawa mau kena kanggo pengalaman lan bisa dicritakake marang kanca-kancane.

Sajeg jumleg ya lagi sepisan kuwi Andreas nyumurupi memedi Sundel Bolong. Katon dleweran getih seger kang metu saka gegere mau jebul panganan maneka warna kang diemplok saka hik kasebut.

Gumune Andreas setengah mati, geneya sing padha jajan ora ngerti babar blas yen bocah wadon ayu mau sejatine Sundel Bolong?

Sesuk sorene Andreas lan kanca kancane ngadani sapatemon ngrembug bab olah raga volley ing kampunge, Kelurahan Sragen Kulon.

Jroning ngrembug lomba volley mau Andreas kepengin nyritakake pengalamane diweruhi memedi Sundel Bolong njajan. Krungu critane Andreas, Sumantri nanggapi. Manut critane Sumantri, Sundel Bolong iku seneng nggodha marang pawongan sing durung duwe bojo allas sih Jomblo.

“Cethane, memedi Sundel Bolong seneng nggagu gawe pemudha jomblo, kaya Mas Andreas ngene iki,” kandhane Sumantri, pimpinane mudha mudhi, ing saselane rapat.

Sakala kanca-kancane Andreas padha ngguyu kekel. Batine Andreas thukul pitakon, apa sing dikandhakake Sumantri kuwi bener? Nyatane ing atase njajan hik bebarengan, sing diweruhi memedi kok mung aku dhewe.

Nanging nadyan nabet ati, nanging kedadeyan mau dening Andreas ora digagas banget-banget. Barang lumrah yen aku diece karo para mudha-mudhi kuwi, wong pancen isih bujang. Ngono batine.

Sumantri ora mbacutake critane babagan Sundel Bolong. Sebab salah sijine mudha-mudhi, Prenjak Gayatri, klebu wanita jirih. Mulane dheweke mung meneng ngampet wedi krungu critane Andreas.

Durung nganti 60 menit anggone rapat mudha-mudhi ngrembug lomba volley wis rampung. Nanging durung wae rapat ditutup, kabeh njenggirat merga keprungu lawange dithothog saka njaba.

Nalika lawang dibukak dening Sumantri, Jebul ora ana sapa-sapa. Ing njaba katon sepi nyenyet.

Bareng Sumantri wis bali lungguh kaya maune, ora watara suwe aya keprungu lawange dithothog maneh, malah dibarengi swara kula nuwun barang. Sanalika Sumantri menyat mbukakake lawang.

Katon kenya ayu kinyis-kinyis mesem ngujiwat karo takon, “Menapa leres mriki dalemipun Mbah Cekruk Tuna, Mas?”

Swarane lirih kepenak rinungu. “Oh, sanes. Mbah Cekruk Tuna niku daleme wetan mriku, watawis 200 meter saking mriki,” wangsulane Sumantri.

Ambune kenya mau wangi nyegrak. Sumantri njola bareng kenya mau mungkur jebul gegere bolong mlompong. Angin wengi sumribit. Githoke Sumatri mengkorog. Dheweke age-age nutup lawang lan bali menyang parepatan.

Ing batin Sumantri ngudarasa dhewe, pancen bener, gegere kenya mau mili getih abang. Apa sing diweruhi mau ora dicritakake dening Sumantri marang para panyarta rapat, mundhak gawe gendra lan wedine para mudha-mudhi sing jirih.

Apamaneh rapat mu katindakake ing sasi Pebruari, ngepasi dina Kemis Wage lan malem Jumuwah Kliwon. (Cuthel).

Catatan:
– Artikel tentang kisah mistis “Sundel Bolong” ini ditulis dalam Bahasa Jawa
– Artikel ini hanyalah cerita mitos belaka, ruang dan tempat hanyalah pemanis cerita
– Artikel ini dikutip dari unggahan / sumber grup WhatsApp

Redaksi Suara Muda, Saatnya Semangat Kita, Spirit Indonesia

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

You might also like
Promo